Selasa, 14 April 2009

sevia

cahyamu sinirat mreksaya mripatku
.. gawe gumujeng atiku yen nyawang manis esemu

kayata linambaran taliasih madep mantep lakuku
katimbalan rasarena aku karep sliramu

rasa iki kapiluhung deneng mega kang dhuwur
kapercaya sang bayu ingkang jujur lan luhur
asmamu kaserat endah sajroning manahku
katulis ... kayata tinulis para winasis ing ndalem impenku

tresno iki mugi tan keno ajur apamaneh mumur
lenggah prayogi duli paseban kang agung nan dhuwur
....

linambaran tresno asih madhep mantep lakuku
katimbalan rasa iki aku karep sliramu


cilacap, 14 april 2009

Tidak ada komentar: